Showing posts with label Pedot Pikir. Show all posts
Showing posts with label Pedot Pikir. Show all posts

Otak Atik Matuk Perkoro 7 Dino

July 06, 2019 0
Wong Jowo iku paling pinter nek otak atik matuk. 
Opo meneh babakan basa, Contone babakan dino, Dino iku ono pitu (7).
Pitu iku tegesse omongan sing iso kanggo:
  1. PITUTUR,PITUDUH, 
  2. PITULUNGAN, 
  3. PITUNGKAS. 
Jajal wacanen pitutur dino iki mulai senen nganti minggu:
Ki Paut Anomsari
1. SENEN: 
TEGESE OJO BOSEN MARANG UNEN-UNEN 
(Unen-unen Wong Jowo seng kang bisa kanggo tuntunan marang kauripan)
Jangan bosan bosan mendengarkan petuah-petuah orang jawa.

2. SELOSO: 
SELAKNO NGAMAL MARANG SOPO-SOPO
(Wong amal iku ora pilah-pilih, ora pandang wonge sopo)
Orang beramal itu tidak perlu pilah ilih. Tidak memandang siapa orangnya 

3. REBO: 
KEREPO SINAU BEN ORA BODHO 
(Mumpung isih urip ditlateni anggone blajar ilmu, mergo ngaji iku penting, ojo sing penting ngaji)
Mumpung masih hidup rajinlah mencari ilmu. Karena belajar itu penting. Bukan yang penting belajar 

4. KEMIS: 
LUWIH BECIK MINGKEM TINIMBANG LAMIS 
(Ojo podho ngumbar omongan kelawan wong liyo. Luwih-luwih ngrasani tonggo lan konco)
Jangan suka mengumbar kata kata tidak baik atau membicarakan orang lain. Lebih baik diam .

5. JUMAT: 
JUMBUHNO LELAKON KARO KEKAREPAN / NIAT 
(Yen nduwe niat/cita-cita kudu usaha ikhtiar dungo supoyo kekarepanne biso kaleksanan)
Kalau punya niat dan cita cita harus diupayakan dan selalu berdoa supaya keinginanmu bisa tercapai 

6. SABTU: 
INSAP -PO MARANG BARANG SENG WES KEWETU 
(Sak bejo bejane wong edan, isih luwih bejo wong kang eling lan waspodho)
Seberuntung apapun orang gila, masih beruntung orang yang ingat dan waspada 

7. MINGGU: 
MINGGIRNO BARANG SENG OLO, LAKONONO BARANG SENG RAHAYU 
(Sing apik ayo podho dilakoni)
Menyingkirlah segala keburukan, lakukanlah kebaikan... Salam rahayu

Ngati ati mlebu restauran Solo

July 01, 2019 0
Kartolo mlaku-mlaku nang Solo weruh Restoran sing ono tulisane ... 
Mangano sak karepmu,
sing mbayar Putumu sok mben....!!
Kartolo (mbatin):
Wah cocok nek iki.. 
Terus Kartolo mlebu, pesen panganan sing enak-enak nganti wareg...

Sak wise mangan pas Kartolo arep metu dicegat pelayane ... 

Lha kok ngek'i bon tagihan... Jare kandane mabayare sok mben, sing mbayar Putuku .. ⁉ 

Kartolo protes rodok nesu😡 

Pelayane njawab karo mesem... 
Iyo Mas, manganmu mau pancen ora perlu mbayar saiki, 
sing iki bon tagihane Mbahmu mbiyen... 
🤭😂🤣👏🤣🤣 

Sing ngguyu tak dungakno rejekine akeh... 
Sing mesem tok mugo-mugo larane ndang waras... 
Sing isih mrengut ora tak dongakake 😂😂😂
😄😄😂😂
☆☆☆☆☆


Baca Juga:

ENAK JAMANE PAK HARTO DARIPADA JAMANE JOKOWI

July 26, 2018 0
Obrolan suami istri sebelum tidur, mereka adalah pasangan yang selalu membicarakan hal-hal yang ada di sosmed.
Alkisah perbincangan itu dimulai dari pertanyaan sang Istri Terhadap Sang Suaminya:
ISTRI
"Sebenarnya jaman pak Jokowi sama jaman Pak Harto  itu enak mana pak....???"
SUAMI
"yaa.. jelas enak jaman Pak Harto to bu ..."
ISTRI
"kok bisa begitu, pak ??
SUAMI
" ... Ya iyalah..waktu Jaman Pak Harto kamu masih muda, masih cantik, masih kuenceng, kenyal dan suwegerr.... lhaa sekarang jaman pak Jokowi ibu sudah tua, sudah pada keriput semua!"
ISTRI
"Lambemu pak...pak.... Jangan tidur di sini, pindah....pindah...tidur di luar teras sana...!!...
😄😄😂😂
☆☆☆☆☆


Baca Juga:

KENAPA Murid Ini Menjawab 3 x7 = 21

July 23, 2018 0
KENAPA Murid Ini Menjawab 3 x7 = 21
Tapi Malah Dihukum Cambuk 10 Kali, Alasan Sang Guru Sangat Mengharukan
Siapa Yang Benar???????????
Alkisah, hidup seorang guru yang sangat dihormati karena tegas & jujur.
Suatu hari, 2 muridnya menghadap guru. Mereka bertengkar hebat & nyaris beradu fisik.
Keduanya berdebat tentang hasil hitungan 3 x 7.

Murid pandai mengatakan hasilnya 21.
Murid bodoh bersikukuh hasilnya 27.

Murid bodoh menantang murid pandai supaya gurunya menilai siapa yang benar diantara mereka.

Murid bodoh mengatakan :
Jika saya yang benar 3 x 7= 27, maka kamu harus mau dicambuk 10 kali oleh Guru. Tetapi kalau kamu yang benar (3 x 7 = 21), maka saya bersedia untuk memenggal kepala saya sendiri. Haaaaaa…hhaa..”
Demikian si bodoh menantang dengan sangat yakin akan pendapatnya.
Katakan guru, mana yang benar?
Tanya murid bodoh.

Ternyata guru memvonis cambuk 10x bagi murid yang pandai (yang menjawab 21).

Murid pandai protes… tapi gurunya menjawab: 
Hukuman ini bukan untuk hasil hitunganmu, tapi untuk ketidak-arifanmu karena berdebat dengan orang bodoh yang tidak tahu kalo 3×7 adalah 21.
Guru melanjutkan :
Lebih baik melihatmu dicambuk dan menjadi arif dari pada guru harus melihat 1 nyawa terbuang sia-sia.....
PESAN MORAL
Hindari berdebat dengan orang yang tidak menguasai permasalahan, dan ilmu, sebab bila mental kita masih lemah maka hanya emosi dan permusuhan yang didapat.
Berdebat/ bertengkar untuk sesuatu yang tidak perlu diperebutkan kebenarannya hanya akan menguras energi percuma.
Ada saatnya kita diam untuk menghindari/ mengakhiri perdebatan yang tidak perlu.
Diam bukan berarti kalah, Menang juga bukan hal yang luar biasa apalagi menang lawan orang bodoh.
Pemenang sejati adalah orang yang mampu menaklukkan egonya sendiri.
Damai itu indah… Setiap orang mendambakan kedamaian hidup. 
Sebelum berdamai dengan orang lain, 
Sebaiknya berdamailah dulu dengan diri sendiri.
*,*
Pesan Moral:
DAMAI & RUKUN ITU SANGAT INDAH
 😊😊
Selamat ! Semangat Belajar Bijak
☆☆☆☆

Baca Juga:

Ojo Dibaleni Ngopi Nang Kene

July 23, 2018 0
YAKIN AKU ORA SUDI MANGAN NANG WARUNG IKI MENEH!!!
Kok kebangeten, rasane pengen napuk lambene sing nduwe warung 😠
Kedadian iki lagi wae tak alami nang warung pinggir dalan arah jl. Kertajaya
Ceritone pas lagi enak² mangan nang warung iku onok
embah² tuo umur kiro² sekitar 65-70 thn lur, mlakune ws rodok angel di samping iku pakaiane wes rodok kumel melbu nang warung.
Si mbah ming nyawangi warung terus, nang tangane gowo buntelan plastik gede aq gak ngerti isine opo. Gak suwe mbahe nyeluk sing duwe warung, akhire sing duwe warung metu seko kamare. Ibuk² sing nduwe warung iku takon mbahe onok opo karo rodok judes? Terus si mbah ming nawakke keripik pisang. Tapi mbuh kenopo ibuk sing duwe
warung malah ngomel² ra karuan karo ngusir mbahe, paleng onok masalah pribadi po pie aq y gak paham.
Tp si mbahe kui ming ngadek meneng nang panggon. Lha kok moro² karo sing nduwe warung nyedak'i mbahe terus dijongkrokno, terus si mbah tibo kripik'e morat marit...Astagfirullah kok tumindake ngalahi setan 😭😭😭
Terus si mbah ming nangis karo njumputi keripik² gedange sing tleceran nang ngisor. Lha ibu sing duwe warung iseh mecicil matane terus malah nyeret mbah mau metu seko warunge...
Sumpah ra tego aq weruh kedadian ngono iku.
Ngeroso mesakno kr simbahe ketambahan aq gak trimo perilakune ibuke warung, akhire aq ngadek seko kursiku terus njukuk
remote tv, bar tak ganti acara liane, indosiar jan film e nyedihno uwong.... Judule Nenek Yang Terdzalimi....
☆☆☆☆☆


Baca Juga:

Suroboyo Lagi Ulang Tahun

May 31, 2018 0
Selamet ulang tahun Cak Suro lan Cak Boyo....

Tak dungakno sampeyan tetep Panjang Jiwo, Keputran kabeh kekarepane.

Mugo-mugo tetep oleh Margorejo lan Margomulyo, gak nemoni Tambangboyo utowo Embong Malang-malang.

Lakonono iline nasib koyo Banyuurip, laku ikhlas Sukolilo tanpo pamrih.

Selamet ulang tahun Cak Suro lan Cak Boyo.

Umur wis tuwek. Ojok akeh-akeh mangan Bebekan, Pakis, Kupang campur Jetis, nang piring Ambengan. Masio rasane Gundih, elingo wis duwur tensi sampeyan.

Opo maneh ngombe banyu Kaliasin sak Kedung Cowek. Iso-iso Lidah sampeyan kenek Babat Jerawat.

Luwih enak mangan buah Ampel, Jeruk, Kedondong Kidul, Sono Kewijenen, Siwalan Kerto mbek Karang Poh.

Wis ta lah, gak usah kemalan Medokan Ayu utowo golek Putat Gedhe.

Ojok kakehan selingkuh, engko Petemon bojo. Iso-iso diGubeng ndas sampeyan, iso-iso diTuwowo cangkem sampeyan. Iso-iso diBubutan brengos sampeyan. Iso-iso digebeg rai sampeyan sampek Bulak Banteng.

Sampeyan yo ojo seneng Jemur Ngawinan, engko nggarai diseneni Mbah Ratu, mbah Setro, mbah Made, mbah Darmo, karo mbah Sawunggaling.

Tapi, nek pancet ae nekat, yo tak dungakno nabrak Tembok Dukuh, ketiban Genteng, kecantol Kawatan, kecemplung Sumur Welut, dientup Ketabang Kali, sampek awak sampeyan Bangkingan terus Sidodadi kuru.

Mulo, tingkah sampeyan ojok Pelampitan, ojok Pecindilan, ojo sembarangan manuk-Manukan. Nek pancet ae, engko nggarai diTandes sepur tumbuk.

Cak SuroBoyo, saiki tahun politik. Nek melok Penjaringan calon pimpinan, gak perlu jagal-Jagalan, gak perlu Kupang Segunting dalam lipatan, opo maneh rebut Balungsari tanpo isi.

Elingo paribasan; Simorukun agawe santoso, Krukah agawe bubrah. Ayo kabeh podho Suko Manunggal. Masio bedho-bedho, tapi tetep satu Tunjungan.

Sing penting, ojok sampe dadi perang Barata Jaya; iso Keputih kabeh matane. Nek gak ketok, ati-ati engko Nyamplungan nang Kali Jagir utowo nang Jurang Kuping. Mari ditulungi nggawe Kaliondo, ojok mek lungguh Ngaglik koyok Bagong Ginayan.

Ayo ndang methik Krembangan, terus diSemampirno nang Tegal Sari.

Wis, yo. Selamet ulang tahun.... *Suroboyo*
☆☆☆☆☆


Baca Juga:

Ngopi Iku Gak Batalno Poso

May 19, 2018 0
Awan-awan bek koncoku di japri ajenge di jak ngopi nang Warnet. Jarene menak lak ngopi nang warnet, mumpung posoan. Mergo warnet e adem.. pokok e adem Clesssss.....ssss mergo onok AC ne.. Duduk AC ne Pak Markowi Loooo.... 

(AC kui Air Condisioner... Alat pendingin Ruangan... Lagek Ngertikan.. Mangkane sering-sering o moco.. ben pinter pikiranmu..)

Opo maneh nang warnet seng jogo bolo dewe.. dadi Iso modus suwe bek ngadem.. pokok e lek bayangno Seng enak lah... (awas Ojo mesum pikiranmu, biasane pikiranmu lak tingkat mesum over dosis...)

Melbu-metu nang ngarep omah koyok umbel sendrap-sendrup ngenteni koncoku seng wueelleeek dewe la kok gak teko-teko.. Opo ora eroh iki ngono wayah e panas-panase beduk dobol..

Gak suwe koncoku teko gawe kocomoto koyok Cover Boy e KBS.. (Koen Ngerti KBS gak...??? Dasar deso koen iku... KBS iku Kebun Binatang Surabaya... ojo takon onok opo nang Kono..!!!! Seng mestine onok rupamu...)

"Halloooooo Cak...." semaure Koncoku..

Tak Sauri.. "Halo Cak Halo Cak.. Posoan iku bok yo Nyari seng apik..."

"OH iyo cak... Asalamualaikum Cak..." balese Koncoku.

"Walaikum salam.." "yo ngono.... seng Alim Titik ta..." sauranku.

"Ayo cak dang budal Nang Warnet.. dang Ngopi.. mergo mengko bek Garap Tugas Teko Juragan Ketoprak... iki looo... mosok aku di kongkon gawe Makalah Cara Masak Ketoprak...??? Wong atasane mur Bisnis Ketoprak ae.." jarene Koncoku..

"Oooo... Congormu Ancen Kurang Deprok nang Bangku Sekolahan... Iku ngono masio Ketoprak Wis Go Internasional Yoo.... Internasional... Tak Baleni maneh... Internasional...." sauranku..

"Iyo-iyo cak.. Ileng.. iki ulan Poso.. Ora oleh Nesu... Ndi Bojomu cak...??" Takon koncoku..

"Asem.. Lapo koen takon-takon Bojoku... pengen tak gemplang ta..!!!" Semaurku.

"Ora Cak.. ajenge pamet lak ngejak pean ngopi nang Warnet..." semaure koncoku.

Gak suwi bojoku metu teko kamar.. bek gowo Sapu..
"Nganti Budal Ngopi tak Seplak koe karo Sapu.. gak eroh lak ulan poso ta... tuek-tuek gak onok seng Poso..."

La wong wedok lak nyolot.. yo tak sauri..
"Lo lo lo... sek tala... Yo ngene iki lak wong wedok gak tau melok pengajian opo ceramah.."

"Gak eroh tak koen lak Ngopi iku gak batalno Poso... Seng Penting Flesdis e gak di untal"

"Iki ngono nang Warnet... Warung Internet.. Dudu Warkop... Warung Kopi.... dadi dudu ngombe Wedang Kopi.. tapi ngopi File gawe Makalah Ketoprak"

"Wis.. ojo mikir aneh-aneh.. dang turu maneh.. ngkok bengi tak Kopeni.."

"Asalamualaikummmmmm...."

Aku langsung Nelonyor bek koncoku Nang Warnet.
☆☆☆☆☆

Baca Juga:

Golek Discon Demi Bojo

May 18, 2018 0
Wulane lagi poso, bek jek ntok rong dino wis siap-siap golek sandangan gawe bodoan. Bar Sholat Teraweh langsunh cek'i dot budal nang mol ben koyok nang tipi-tipi.

Mutar-muter mulai ngisor nganti duwor.. nganti Pucuk-pucuk e Mol.. nganti ngerti kabeh posisine Toko Toilet perlantai.

Pas nang Toko Toilet kilangan Bojo... mergo onok gambare wong wedok Rokan.. sopo ngerti onok barang seng apik seng pantes lan cocok gawe bojoku.. Penasaran aku, langsung Nelunyur melbu..

Intine Lope Lope Bojoq tok ngono iku niate.. pas melbu kono ono wong wedok uayu tenan.. tak takoni.. klambine di sade pinten mbak..

Kok yo jahatmen....toooo tibak e...

La kok aku malah di Tapok Karo Tas bek di clatoni.. salahku nang ndi cobak...

Yo wis lah.. paling yo nasib due Rupo Pas-pasan Koyo CR7 wajar lak onok wedok ketemu aku gemes pengen nabok i aku... paling yo wong iku sang keng kagete delok aku...

Maringono aku delok destro.. promosine apik tenan.. Diskon 50% s/d 75%..

Batenku wis tepak.. iso nukokno Sandangan Gawe Bojoq.. Alhamdulillah iso nyeneng no bojoq...

Tak delok i  sandangan gawe wong wedok.. uapik-uapik onok diskon 50% misan.. persis koyok klambine arti nang Tipi-tipi seng senetron PiHak Ke Empat... "Empat ta Tiga Yooo..." wis pokok e senetron iku lah...

Langsung ae nang kasir mall tangklet, bek eleng-eleng senetron iku..
"Mbak Wonten Sandangan Damel Pelakor koyok teng tipi-tipi????"
"Gak onok Cak?" Jare kasire...

Pindah meneh aku nang kasir sijine...
"Mbak Wonten Sandangan Damel Pelakor koyok teng tipi-tipi????"
"Onok Cak? Malah Mumpung discon iki 75%" Jare kasire...

Weh seneng atiku... Nemu Sandangan Gawe bojoq.. Mlaku-mlaku golek discoun 50% malah nemu 75% tapi gak atek lengen.

Dasar kebiasaan nang pasar.. pastilah ngenyang nang kasire...Terus jalok tambahan diskon ae dadi 90% sopo ngerti..

Ooo... seng 90%... Onok Cak... jare Kasire...

Wis gak atek kakean cangkem... langsung tak kon bungkus 10... Guaya.. tooo.. biasa.... tampang Orang Kaya...

Tak bayar, langsung bablas Moleh... teko omah ketemu bojo seng mecucu mergo tak tinggal metu gak pamitan..

Barang tak dudui bungkusan onok tulisne Busana Destro.... Mboookkkkk.. lang seng mesem seng ombone koyok kali bengawan Solo...
(Gak eroh kan koen kali Benganwan Solo... Acen Koe guoblok kabeh... Kali bengawan Solo iku onok e nang Mesir Yo rek.... Ileng-ilengen... Nang Mesir cidek e kali Jagir...)

Langsung bek Bojoq aku di cipika Cipiki... bek Ngomong Lope Lope ngono koyok wong londo... Opo maneh tak omongi lak iki klambi seng biasane di gawe Arti Senetron Pelakor... Jumlah e 10 lembar misan...

Lang sung tak kon jajal.. pengen eroh aku.. bek penasaran... yak opo ayune bojoq gawe klambi artis pelakor.. tak kon nyepot kabeh klabine... tak kon jajal siji-siji..

Dibuka klambine bek bojoq terus.... Di buka bungkusane bek  bojoq... La kokkk.. tibak e mau malah mbek bak kasir e mau di wenehi Kotang Sak Taline.... plus Bonus Boneka Helokitty seng nempel nang Kotang...

Edannnnn..... Seng Moco iki...
☆☆☆☆☆

Baca Juga:

Antara Cadar Karo Teroris

May 18, 2018 0
Onok Crito unik teko koncoku goro-goro mari Onok Bom nang Suroboyo la seng ngebom tersangkane Gawe Cadar Misan.

Ceritane Ngene:
Koncoku ambek bojone kenek razia mau..gara-goro bojo ne Koncoku gae cadar..Dikiro teroris... Gowo bom..

Jarene Koncokuuuu.....
Ojo melu nuduh aq n bojoku teroris lo yo.... ??????
(Seng Nuduh Dek e Tetoris Yo Sopoooooo.....)

Mau ranselku di bongkari... Isine kelambi seragam.. Bek sabun mandi lan sikat gigi... Saiki maleh fobia kabeh... Be klambiku abek bojoku...

Polisine kaget..Terus Takon:
Polisine : Loh mas kerja di IGD Suutomo...

Koncoku: Iya pak..ini tanda pengenal saya...

Polisine : Ini sergam dines ya..

Koncoku: Lah iya pak itu seragam dnes...

Polisine : Oh 118 yaa......

Koncoku :Nggih pak.. Pak Kompol Prayogo beliau sering ke kantor kami... (batinku, aku dewe yo gak eroh sopo iku Kompol Prayogo.. Pokok e Tak Iyoni ae)

Terus koncoku mandek ambek Bojoku terus metu soko mobile (duduk mobile Polisi looo.. mobile Dewe..)...

Jarene Koncoku, iki goro-goro Bom... malah Kenek imbase awak dewe ngeni ki...Goro-goro bom bunuh diri.. (padahal niatku ajenge Nitip Mercon Bantingan Nang Dek'e.. ngene iki aku yo podo kenek apese..hedeh.. duh gustiiii)

Terus koncoku Ngomong Nang Polisine: Tenang pak Polisi..aku ambek bojoku aman terkendali... Tidak akan ngebom...

Goro-goro Teroris Awak dewe sing kenek imbase... Malah polisine mau podo  wedi.. Gae pengaman kabeh misan... Enek sing teko..jalok pendapat..polisine mau.. Menurut mas....Bom bunuh diri yang mengatasnamakan jihad... Apa ada dalam ajaran islam......  (seng pasti yo gak onok... iki nakon opo bedek i seeee...)
☆☆☆☆☆

Ngenelo Rek Yok Asline... Kenek opo kok iso koyok ngono...
Kedadian iku kan mergo seng ngebom gawe cadar.. jadi antisipasine polisi wedine wong seng gawe cadar iku golongane..

Ben podo gak onok salah paham antarane Polisi karo wong seng gawe cadar ben gak saling buli membuli... lak di perikso polisi nyantai ae, seng di golek i iku dudu wong islam seng gawe cadar tapi teroris seng gawe Cadar..

Dipikir Positif ae, la wong polisi iku mementikan keselamatan banyak warga dan golongan.. Dadi seng gawe Cadar yo ojo rumongso terintimidasi yooo..

Iki kabeh demi kebaikan bersama...


Lawan Terorisme.. Pray For Surabaya....

Iki Suroboyo Co....kkkk. Gak wedi Karo teroris..
Jare bonek.. Salam Satu Nyali....
☆☆☆☆☆

Baca Juga:

Dunia WhatsUp

May 18, 2018 0
Gaya bersahabatan sekarang itu unik, ada yang panggil babi, celeng, asu, ketek seakan-akan terlihat seru pada saat ngobrol. Padahal ngobrolbya lewat WhatsUp... Tapi Kalai ketemu singkuran pegang HP dan Komennya Lewat WhatsUp.

Nongkrong di warung Kopi pun, manusianya sudah didepan mata... tetep saja ngomennya Lewat WhatsUp..

Sampai-sampai itu kopi dimunim lalatpun tetep saja sibuk pegang Hp.

Ini asli original Konkoi alay alay WhatsUp. Ada cewek cantik dipamerin tapi lewat Profil WhatsUp. Emang Kamu Mau nikah sama Cewek WhatsUp.

Bukan sebel kalau lihat....
Cuma gemesin saja, serasa pengen Nabokin pakai WhatsUp...

Kalau dulu nyanyianya Surat Cintaku Yang Pertama
Tapi, kalau sekarang Chats WhatsUp Lope lope Mleme Paket WiFi.. wkwkkwkwkwkwk... Gaya Tajirnya modal WiFi Warkop...

Ada yang cerita... Ini brow.. tadi aku habis ML sama Bini Orang.. Ini Chats WhatsUp nya..


Sontak pikiranku bergemeih...
"Jangan-jangan ML nya pun Di WhatsUp??? HABIS TISU BERAPA CAAKKKKKK......."

Dasar Muka Babi isinya Mesum.. Teroris Kelamin Wanita..

Yang Satu Lagi Si Celeng Cino Mangkak.. Gayanya Kayak Paranormal... tapi aslinya Up Normal.. Ngeramal Orang Pakei saiber WhatsUp... apa jangan-jangan Demit udah pandi pakai WhatsUp yaa... terus bakar Menyannya Pakek WhatsUp juga..

Yang Satunya Lagi Si Asu Kabul.. gayanya top markotop.. koyok wong yes.. Kata orang surabaya.
Padahal Jempol Nyungsep ke bawah... hanya berisik di Chats Grub WhatsUp...

Yah.. itulah kehidupan Nyata Dunia WhatsUp...
Ngomong ngalor ngidul yang penting Android Bilang.."Klunting-Klinting".. sampai Low Batte... ujung-ujungnya bilang kapan Maksiad Terakhir..

Sekian N To Peace

Baca Juga: