Ojo Dibaleni Ngopi Nang Kene

YAKIN AKU ORA SUDI MANGAN NANG WARUNG IKI MENEH!!!
Kok kebangeten, rasane pengen napuk lambene sing nduwe warung 😠
Kedadian iki lagi wae tak alami nang warung pinggir dalan arah jl. Kertajaya
Ceritone pas lagi enak² mangan nang warung iku onok
embah² tuo umur kiro² sekitar 65-70 thn lur, mlakune ws rodok angel di samping iku pakaiane wes rodok kumel melbu nang warung.
Si mbah ming nyawangi warung terus, nang tangane gowo buntelan plastik gede aq gak ngerti isine opo. Gak suwe mbahe nyeluk sing duwe warung, akhire sing duwe warung metu seko kamare. Ibuk² sing nduwe warung iku takon mbahe onok opo karo rodok judes? Terus si mbah ming nawakke keripik pisang. Tapi mbuh kenopo ibuk sing duwe
warung malah ngomel² ra karuan karo ngusir mbahe, paleng onok masalah pribadi po pie aq y gak paham.
Tp si mbahe kui ming ngadek meneng nang panggon. Lha kok moro² karo sing nduwe warung nyedak'i mbahe terus dijongkrokno, terus si mbah tibo kripik'e morat marit...Astagfirullah kok tumindake ngalahi setan 😭😭😭
Terus si mbah ming nangis karo njumputi keripik² gedange sing tleceran nang ngisor. Lha ibu sing duwe warung iseh mecicil matane terus malah nyeret mbah mau metu seko warunge...
Sumpah ra tego aq weruh kedadian ngono iku.
Ngeroso mesakno kr simbahe ketambahan aq gak trimo perilakune ibuke warung, akhire aq ngadek seko kursiku terus njukuk
remote tv, bar tak ganti acara liane, indosiar jan film e nyedihno uwong.... Judule Nenek Yang Terdzalimi....
☆☆☆☆☆


Baca Juga:

No comments:

Post a Comment

Obrolan yang baik bukan hanya sebuah obrolan yang mengkritik saja, tetapi juga memberi saran dan dimana saran dan kritik tersebut terulas kekurangan dan kelebihan dari saran dan kritik.

BERIKAN OPINI SAHABAT BITTER TENTANG TULISAN TERSEBUT