Ngopi Iku Gak Batalno Poso

Awan-awan bek koncoku di japri ajenge di jak ngopi nang Warnet. Jarene menak lak ngopi nang warnet, mumpung posoan. Mergo warnet e adem.. pokok e adem Clesssss.....ssss mergo onok AC ne.. Duduk AC ne Pak Markowi Loooo.... 

(AC kui Air Condisioner... Alat pendingin Ruangan... Lagek Ngertikan.. Mangkane sering-sering o moco.. ben pinter pikiranmu..)

Opo maneh nang warnet seng jogo bolo dewe.. dadi Iso modus suwe bek ngadem.. pokok e lek bayangno Seng enak lah... (awas Ojo mesum pikiranmu, biasane pikiranmu lak tingkat mesum over dosis...)

Melbu-metu nang ngarep omah koyok umbel sendrap-sendrup ngenteni koncoku seng wueelleeek dewe la kok gak teko-teko.. Opo ora eroh iki ngono wayah e panas-panase beduk dobol..

Gak suwe koncoku teko gawe kocomoto koyok Cover Boy e KBS.. (Koen Ngerti KBS gak...??? Dasar deso koen iku... KBS iku Kebun Binatang Surabaya... ojo takon onok opo nang Kono..!!!! Seng mestine onok rupamu...)

"Halloooooo Cak...." semaure Koncoku..

Tak Sauri.. "Halo Cak Halo Cak.. Posoan iku bok yo Nyari seng apik..."

"OH iyo cak... Asalamualaikum Cak..." balese Koncoku.

"Walaikum salam.." "yo ngono.... seng Alim Titik ta..." sauranku.

"Ayo cak dang budal Nang Warnet.. dang Ngopi.. mergo mengko bek Garap Tugas Teko Juragan Ketoprak... iki looo... mosok aku di kongkon gawe Makalah Cara Masak Ketoprak...??? Wong atasane mur Bisnis Ketoprak ae.." jarene Koncoku..

"Oooo... Congormu Ancen Kurang Deprok nang Bangku Sekolahan... Iku ngono masio Ketoprak Wis Go Internasional Yoo.... Internasional... Tak Baleni maneh... Internasional...." sauranku..

"Iyo-iyo cak.. Ileng.. iki ulan Poso.. Ora oleh Nesu... Ndi Bojomu cak...??" Takon koncoku..

"Asem.. Lapo koen takon-takon Bojoku... pengen tak gemplang ta..!!!" Semaurku.

"Ora Cak.. ajenge pamet lak ngejak pean ngopi nang Warnet..." semaure koncoku.

Gak suwi bojoku metu teko kamar.. bek gowo Sapu..
"Nganti Budal Ngopi tak Seplak koe karo Sapu.. gak eroh lak ulan poso ta... tuek-tuek gak onok seng Poso..."

La wong wedok lak nyolot.. yo tak sauri..
"Lo lo lo... sek tala... Yo ngene iki lak wong wedok gak tau melok pengajian opo ceramah.."

"Gak eroh tak koen lak Ngopi iku gak batalno Poso... Seng Penting Flesdis e gak di untal"

"Iki ngono nang Warnet... Warung Internet.. Dudu Warkop... Warung Kopi.... dadi dudu ngombe Wedang Kopi.. tapi ngopi File gawe Makalah Ketoprak"

"Wis.. ojo mikir aneh-aneh.. dang turu maneh.. ngkok bengi tak Kopeni.."

"Asalamualaikummmmmm...."

Aku langsung Nelonyor bek koncoku Nang Warnet.
☆☆☆☆☆

Baca Juga:

No comments:

Post a Comment

Obrolan yang baik bukan hanya sebuah obrolan yang mengkritik saja, tetapi juga memberi saran dan dimana saran dan kritik tersebut terulas kekurangan dan kelebihan dari saran dan kritik.

BERIKAN OPINI SAHABAT BITTER TENTANG TULISAN TERSEBUT