Golek Discon Demi Bojo

Wulane lagi poso, bek jek ntok rong dino wis siap-siap golek sandangan gawe bodoan. Bar Sholat Teraweh langsunh cek'i dot budal nang mol ben koyok nang tipi-tipi.

Mutar-muter mulai ngisor nganti duwor.. nganti Pucuk-pucuk e Mol.. nganti ngerti kabeh posisine Toko Toilet perlantai.

Pas nang Toko Toilet kilangan Bojo... mergo onok gambare wong wedok Rokan.. sopo ngerti onok barang seng apik seng pantes lan cocok gawe bojoku.. Penasaran aku, langsung Nelunyur melbu..

Intine Lope Lope Bojoq tok ngono iku niate.. pas melbu kono ono wong wedok uayu tenan.. tak takoni.. klambine di sade pinten mbak..

Kok yo jahatmen....toooo tibak e...

La kok aku malah di Tapok Karo Tas bek di clatoni.. salahku nang ndi cobak...

Yo wis lah.. paling yo nasib due Rupo Pas-pasan Koyo CR7 wajar lak onok wedok ketemu aku gemes pengen nabok i aku... paling yo wong iku sang keng kagete delok aku...

Maringono aku delok destro.. promosine apik tenan.. Diskon 50% s/d 75%..

Batenku wis tepak.. iso nukokno Sandangan Gawe Bojoq.. Alhamdulillah iso nyeneng no bojoq...

Tak delok i  sandangan gawe wong wedok.. uapik-uapik onok diskon 50% misan.. persis koyok klambine arti nang Tipi-tipi seng senetron PiHak Ke Empat... "Empat ta Tiga Yooo..." wis pokok e senetron iku lah...

Langsung ae nang kasir mall tangklet, bek eleng-eleng senetron iku..
"Mbak Wonten Sandangan Damel Pelakor koyok teng tipi-tipi????"
"Gak onok Cak?" Jare kasire...

Pindah meneh aku nang kasir sijine...
"Mbak Wonten Sandangan Damel Pelakor koyok teng tipi-tipi????"
"Onok Cak? Malah Mumpung discon iki 75%" Jare kasire...

Weh seneng atiku... Nemu Sandangan Gawe bojoq.. Mlaku-mlaku golek discoun 50% malah nemu 75% tapi gak atek lengen.

Dasar kebiasaan nang pasar.. pastilah ngenyang nang kasire...Terus jalok tambahan diskon ae dadi 90% sopo ngerti..

Ooo... seng 90%... Onok Cak... jare Kasire...

Wis gak atek kakean cangkem... langsung tak kon bungkus 10... Guaya.. tooo.. biasa.... tampang Orang Kaya...

Tak bayar, langsung bablas Moleh... teko omah ketemu bojo seng mecucu mergo tak tinggal metu gak pamitan..

Barang tak dudui bungkusan onok tulisne Busana Destro.... Mboookkkkk.. lang seng mesem seng ombone koyok kali bengawan Solo...
(Gak eroh kan koen kali Benganwan Solo... Acen Koe guoblok kabeh... Kali bengawan Solo iku onok e nang Mesir Yo rek.... Ileng-ilengen... Nang Mesir cidek e kali Jagir...)

Langsung bek Bojoq aku di cipika Cipiki... bek Ngomong Lope Lope ngono koyok wong londo... Opo maneh tak omongi lak iki klambi seng biasane di gawe Arti Senetron Pelakor... Jumlah e 10 lembar misan...

Lang sung tak kon jajal.. pengen eroh aku.. bek penasaran... yak opo ayune bojoq gawe klambi artis pelakor.. tak kon nyepot kabeh klabine... tak kon jajal siji-siji..

Dibuka klambine bek bojoq terus.... Di buka bungkusane bek  bojoq... La kokkk.. tibak e mau malah mbek bak kasir e mau di wenehi Kotang Sak Taline.... plus Bonus Boneka Helokitty seng nempel nang Kotang...

Edannnnn..... Seng Moco iki...
☆☆☆☆☆

Baca Juga:

No comments:

Post a Comment

Obrolan yang baik bukan hanya sebuah obrolan yang mengkritik saja, tetapi juga memberi saran dan dimana saran dan kritik tersebut terulas kekurangan dan kelebihan dari saran dan kritik.

BERIKAN OPINI SAHABAT BITTER TENTANG TULISAN TERSEBUT