Suroboyo Lagi Ulang Tahun

Selamet ulang tahun Cak Suro lan Cak Boyo....

Tak dungakno sampeyan tetep Panjang Jiwo, Keputran kabeh kekarepane.

Mugo-mugo tetep oleh Margorejo lan Margomulyo, gak nemoni Tambangboyo utowo Embong Malang-malang.

Lakonono iline nasib koyo Banyuurip, laku ikhlas Sukolilo tanpo pamrih.

Selamet ulang tahun Cak Suro lan Cak Boyo.

Umur wis tuwek. Ojok akeh-akeh mangan Bebekan, Pakis, Kupang campur Jetis, nang piring Ambengan. Masio rasane Gundih, elingo wis duwur tensi sampeyan.

Opo maneh ngombe banyu Kaliasin sak Kedung Cowek. Iso-iso Lidah sampeyan kenek Babat Jerawat.

Luwih enak mangan buah Ampel, Jeruk, Kedondong Kidul, Sono Kewijenen, Siwalan Kerto mbek Karang Poh.

Wis ta lah, gak usah kemalan Medokan Ayu utowo golek Putat Gedhe.

Ojok kakehan selingkuh, engko Petemon bojo. Iso-iso diGubeng ndas sampeyan, iso-iso diTuwowo cangkem sampeyan. Iso-iso diBubutan brengos sampeyan. Iso-iso digebeg rai sampeyan sampek Bulak Banteng.

Sampeyan yo ojo seneng Jemur Ngawinan, engko nggarai diseneni Mbah Ratu, mbah Setro, mbah Made, mbah Darmo, karo mbah Sawunggaling.

Tapi, nek pancet ae nekat, yo tak dungakno nabrak Tembok Dukuh, ketiban Genteng, kecantol Kawatan, kecemplung Sumur Welut, dientup Ketabang Kali, sampek awak sampeyan Bangkingan terus Sidodadi kuru.

Mulo, tingkah sampeyan ojok Pelampitan, ojok Pecindilan, ojo sembarangan manuk-Manukan. Nek pancet ae, engko nggarai diTandes sepur tumbuk.

Cak SuroBoyo, saiki tahun politik. Nek melok Penjaringan calon pimpinan, gak perlu jagal-Jagalan, gak perlu Kupang Segunting dalam lipatan, opo maneh rebut Balungsari tanpo isi.

Elingo paribasan; Simorukun agawe santoso, Krukah agawe bubrah. Ayo kabeh podho Suko Manunggal. Masio bedho-bedho, tapi tetep satu Tunjungan.

Sing penting, ojok sampe dadi perang Barata Jaya; iso Keputih kabeh matane. Nek gak ketok, ati-ati engko Nyamplungan nang Kali Jagir utowo nang Jurang Kuping. Mari ditulungi nggawe Kaliondo, ojok mek lungguh Ngaglik koyok Bagong Ginayan.

Ayo ndang methik Krembangan, terus diSemampirno nang Tegal Sari.

Wis, yo. Selamet ulang tahun.... *Suroboyo*
☆☆☆☆☆


Baca Juga:

No comments:

Post a Comment

Obrolan yang baik bukan hanya sebuah obrolan yang mengkritik saja, tetapi juga memberi saran dan dimana saran dan kritik tersebut terulas kekurangan dan kelebihan dari saran dan kritik.

BERIKAN OPINI SAHABAT BITTER TENTANG TULISAN TERSEBUT