Curhatane Arek Suroboyo (Pokok e Lak Jancokan)

Pancene wis diakoni lek arek Suroboyo iku mbanyolan, gak ndhik omah, tandhang gawe utowo cangkruk.

Lha banyolan sing onok ndhik tulisan iki asale yo seko ngrungokno omongane konco-konco, sanak kadhang lan tonggo teparo.


Embuh mbujuk opo temenan aku yo gak njamin, sing penting lucu yo tak catet.

Tulisan iki dibagi dhadhi papat bagian. Bagian pertama iku isine cerito-cerito khayal. 

Ceritone gak masuk akal tapi sing penting lucu. Bagian kedua isine banyolan wong urip rumah tangga. Peno sing wis rabi koyoke kudhu moco iki, cik gak dibujuki ambek bojo sampeyan.

Sing bagian ketiga iku isine cerito Babi ambek Asu.

Asu iku wonge masio tuwek tapi mbethik gak gelem kalah ambek Bunali.

Lek sampeyan tau ngrungokno acara Trio Buluru Radio Susanna, mungkin ora kenal ambek Asu iki,lawong seng jenenge Asu iku sopo yoo gak eroh aku..

Sing terakhir iku bagian papat sing nyeritakno keluarga Ketek sing ndhuwe anak wedho ayu jenenge Monyet. 

Umpomo sampeyan isok ngguyu moco Artikel iki, aku yo melok seneng. Rencanane aku katene nerusno sing jilid 2 ambek nggawe situs Banyolan Suroboyoan.

Ngene Critane iku
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.

Jarene ngene:
Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku.

Jare ewangku
Koen kepingin didhulit sambel tha ngemploke?

Lho opoko masalae?
salesmane takok.

Lha matamu gak ndhelok tha saiki lampu mati??
nyerocotku.

Opo gak Bokne Ancok a seles iku..
☆☆☆☆☆
Ono maneh, ceritane seng nyeleneh, pas iku anakku jek sekolah TK.

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, 
Isine kembang yo....

Seratus buat bu guru....
jare anake pedagang bunga.

Sing keloro maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire. 
Isine permen yo...

Pinter bu guru..
jare anake wong dhodhol mracang.

Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi. 

Es krime rasa anggur yo...
jare bu gurune kemeruh.

Salah...
jare areke.

Rasa stroberi tah...?
bu gurune kemeruh maneh.

Salah...
jare areke.

Wis aku nyerah, rasa opo sih iku...
takok bu gurune.


Isinya anak anjing kok bu guru..
jarene are iku.

La iki seng deledek iki opo...
takok bu gurune.

Paling lak gak telek e yo uyoh e Asu bu guru..
jarene are iku.

Gurune langsung mukok-mukok mutah cecek.

La.. lak wis ngene iki seng disalahne sopo???
☆☆☆☆☆
Wis lo rek....
Aku mur iso cerito iku tok....
Ojo ngaku arek suroboyo lak koen di lokno JANCOK bek koncomu nesu...
☆☆☆☆☆

No comments:

Post a Comment

Obrolan yang baik bukan hanya sebuah obrolan yang mengkritik saja, tetapi juga memberi saran dan dimana saran dan kritik tersebut terulas kekurangan dan kelebihan dari saran dan kritik.

BERIKAN OPINI SAHABAT BITTER TENTANG TULISAN TERSEBUT